geguri urip
APA GAMANING URIP
Sun gegurit
Urip kawula
Kadya sendaren kapupuh maruta
Sambate wanodya ayu tanpa daya
Kapurba ragane tan bisa suwala
Nandhang lara wis limang warsa
Binayang-bayang kadya kunarpa
Pindhaning wong mati sajroning urip
Ragane wis kari balung karo kulit
Uripe kagubel meneka warna sesakit
Eseme kang manis, kari memelas asih
Pancen yen eling purwa duk sina
Slirane pancen dadi kembanging lathi
Dasar sulistya ing warni tur marah ati
Semana sapa kuat nampa eseming lathi
Durung liriking netra kang gemeske ati
Nanging ora eling wong nggendhong lali
Yen jejering urip bakal gilir gumanti
Ora eling urip ana kang hanguripi
Andekna semana sliramu ora kaya-kayaa !
Woong urip lelemeran kok bisa bungah !
Pancen sapa ta wonge ora ngerti sira
Aku percaya yen sliramu pancen sulistya !
Eman sliramu ora ngerti jejering kaendahan
Awit kaendahan iku pepaesing donya
Kang dununge mung ana pancadriya
Kabul wekasane gampang sirna
Sumedhot rasaning atiku weruh sliramu
Sedihku tekan telenging atiku
Geneya sliramu kudu nampa lelakon iku
Panggraitaku apa iki jarwane ngunduh pakerti ?
Tumusing pamuji sliramu enggal entuk dalan padang
kabuka atimu terus eling marang Pangeran
Bisa ngrumangsani dadi wong dosa
Sanadyan uripe saiki tan bisa suwala
Bisa nampa dadi pacobaniira
Kinarya laku sira suwita Pangeran
Gegurit urip kula ingkang bisa dadi gaman pangurip mu kabeh