Background

gegurit kasmaran

TRESNAKU - TRESNAMU
Sun gegurit
kula lagi tansah kasmaran
Rikala kori dakbukak byak
Kaya sinamber gelap lepat
Iki tenan apa ngimpi ?
Sliramu jumeneng nyunggi katresnan
Panggah ora owah
Dinodhog rasa jroning dhadha
Meh wae aku kantaka.
Angenku daklarak ing pangumbaran
Telungpuluh loro warsa kepungkur
Kangmas,
Rasa tentrem rinengkuh ing astamu
Edhum nyawang sorot netramu
Aku katrem, aku kasmaran
Engga wektu jumangkah mlaku
Tresnaku-tresnamu dadi rangu
Kelindhes wektu
Daktantang daktanting ora maelu
Sansaya adoh lumayu
Tangeh anggonku bakal ngluru
Kangmas,
Tresnaku tresnamu ginubel wektu
Lawase padha paprentahan Orde Baru
Wis kukut, wis kemput ...
Nadyan nora bisa nyawiji
Nanging tresna aji lan suci, tresna sejati
Bakal dakrukti nganti tumekeng janji.
Gubugku, enjing 300812


K E P R A N A N
Sun gegurit
Kasmaran kang mboten ke bendung
Sawengi datan bisa nendra
Sarira lungkrah tanpa daya
Kagodha angen-angen nyata
Wewayang gumawang aneng netra
Kelingan pait madu esemnya
Renyah gujenge gawe getering nala
Sareh sabar sikepnya
Njalari ati iki tan kuwawa endha
Nadyan kahanane wus yuswa
Nanging isih katon jatmika
Watak berbudi bawaleksana
Tansah sih mring sapadha-padha
Yekti pribadhi kang utama
Hmm...baya sapa ta priyangga kang dakcandra?
Yeku sang prabu Darmakusuma
Ratu gung binathara
Ing praja " Ujaring Kandha "
Ing endi kuwi papannya?
Embuh, aku dhewe tan uninga.
Lha.....?

Categories: Share

Leave a Reply