Background

gegurit pandonga

DONGA PAMUJI
Sun gegurit
Pandongan kula
Dhuh Pangeran pangungsen kawula
Penapa werdining prahara kang matumpa-tumpa
banjir bandang, tanah longsor saha pracempa
ngregem damel morat-mariting kawula
katungka laharing Gunung Merapi tan kemba
kathah cacahing raja kaya, raja brana sirna
Dereng kurbaning nyawa kang magila-gila
Dhuh Gusti Pangeran Allah ngagesang
Estining manah sageda nampi pacobaning gesang
Jejering prahara ingkang ngedap-edapi punika
Kawula pitados sedaya dados pralampita
Pratanda rawuhing Sang Pamarta
Ginedhong ing pemakaman
Dhuh Gusti sesembahaning para kawula
Sumangga kersa ambuka manah kawula
Sageda nampi Sang Juru Slameting donya
Ingkang arsa mbengkas para candala
Kersa dados tetebusaning tyang dosa
Saha nggadheng kang nadhang papa cintraka
Pramila Dhuh Gusti kakencengna manah kawula
Kasantosakna kapitadosan kawula
Amrih kawula mboten namung kalut dukita
Nanging tumuli sami manunggal saeka praya
Gumregah  Cacut tali wanda ambangun karsa
Enggal  pulihing karayon kawula sedaya
Dhuh Gusti pangungsen kawula sedaya
Sumangga midangetna panyuwun kawula
Amrih sedaya saged kagem kaluhuran Dalem Pangeran
Ingkang  hamengku gesang, wiwit purwa madya wasana
Sinongsong rawuh Dalem Pangeran Kawula
Saged damel Rahayu widodo nir ing sambe kala
Anggara Kasih 19 Desember 2006

DONGANE PENGGURIT
Sun gegurit
Pandongan kula
Dhuh Pangeran pangungsen kawula
Penapa werdinipun prahara kang matumpa-tumpa ?
Ngantos dumadi banjir bandang, tanah longsor
lindhu gedhe ingkang ngregem para kawula
katungka laharing Gunung Merapi datan kendat
ingkang maewu-ewu dumadinipun kurban
semanten ugi cacahing raja kaya, raja brana sirna
Dereng griya-griya ingkang sami rata ing bantala
Dhuh Gusti pangeran Allah kawula
Estining manah sageda nampi pacobening gesang
Jejering prahara ingkang ngedap-edapi punika
dadosa pralampitaning kawula sami manunggal
nggegeki jejering citra Dalem Pangeran
ingkang kapurba gesang saget anggesangi
Dhuh Gusti sesembahaning para kawula
Sumangga kersa ambuka manah kawula
Sageda nampi pawartos sasmitaning prahara
kawula pitados sempeyan Dalem boten bade tega
para kawula sami nadhang papa cintraka
Pramila Dhuh Gusti kakencengna manah kawula
Kasantosakna kapitadosan kawula
Amrih kawula mboten namung kalut dukita
Nanging tumuli sami manunggal saeka praya
Gumregah  Cacut tali wanda ambangun desa
Tuwuhing rahaja, pulihing karayon kawula sedaya
Dhuh Gusti pangungsen kawula sedaya
Sumangga midangetna panyuwun kawula
Amrih sedaya saged kagem kaluhuran Dalem Pangeran
Ingkang  hamengku gesang, wiwit purwa madya wasana
Sinongsong ing berkah Dalem Pangeran Allah Kawula
Kanthi asesanti; Rahayu widodo nir ing sambe kala.
Anggara kasih 27 Juni 2006.

Categories: Share

Leave a Reply