Gurit Katresnan
Katresnan iku geguritaning urip sejati
Pepadange sakjroning pepeteng
Biso di gawe nanging ora biso digawe-gawe
Pepadange sakjroning pepeteng
Biso di gawe nanging ora biso digawe-gawe
Katresnan iku kasunyatan ngedohi tumindak dudu
Kayadene: drengki, srei, dahwen lan pati open
Kayadene: drengki, srei, dahwen lan pati open
Katresnan iku larang regane ora biso di tuku
Lan di tiru sarana bandha donya lan raja brana
liyane, jalaran toh-tohane Nyawa
Lan di tiru sarana bandha donya lan raja brana
liyane, jalaran toh-tohane Nyawa
Katresnan iku dalan kang tumuju marang bebener
kebak deneng rasa lan pepadhang
lila lan legawa lair tumusing bathin
kaya dene gegodhongan kang googrok saka uwit
ora ngarep-arep bakal baline
melu ngrasakake panandhanging liyan
kebak deneng rasa lan pepadhang
lila lan legawa lair tumusing bathin
kaya dene gegodhongan kang googrok saka uwit
ora ngarep-arep bakal baline
melu ngrasakake panandhanging liyan
Katresnan iku ora mbedak-bedakakeh
Cendhek duwuring pangkat
Asor Luhuring Drajat
Lan gegebengane urip kang rinasuk
ananing mung welas lan asih
suka pitulung marang sapa bae
Cendhek duwuring pangkat
Asor Luhuring Drajat
Lan gegebengane urip kang rinasuk
ananing mung welas lan asih
suka pitulung marang sapa bae
Katresnan iku prayata umur tuuwa, dudu umur dawa
urip tanpo cacar ing ngarsane Pangeran
Sing nguasai pati lan urip
urip tanpo cacar ing ngarsane Pangeran
Sing nguasai pati lan urip
Siso Tresno Ing Bumi Patria – Nurbayan
Sun gegurit
Koyo koyone wes rah biso anggonku nggandoli sliramu
Pancenne wes tibo wancine uwes cukup mung semrene
Gumlegar suorone peter ing langit bumi patria
Neng Makam Bung Karno minongko seksine
Kawitan aku ketemu kowe
Ning pancen nasibe kudu lilo nerimo
tresno kepenggak restune wong tuwo
amung lewat gending tak ukir lakon loroku
nelongso yen eleng kowe cah ayu
Amung nangis, nangis yen aku kelingan
Naliko pacaran ning candi penataran
Amung trenyuh trenyuh yen aku kelingan
Katresnanku pupus kari kenangan
Kesirep atimu lali marang awakku
Tak lilo lilo snajan ati kuciwo
GEGURITAN "KEKANCAN"
Wis tek petani siji-siji
Urip kekancan ora
Koyok towo klambi
Itung kapitung
Sopo aing untung
Itung kapitung
Sopo sing bunting
Ati guyup entuk pangeyup
Roso panyonggo jiwo
Nyigar bungah lan susah
Ngresep dadi siji
Ing jroningati
Siji lan sijine luput
Seko watek’e codot
Angin bledug manuk prenjak
Tompo biso ngudar medot
Ngawujude sing langgeng
Lan abadi
Dening : A.M.Haryadi Salim
Derap Guru
MUNG SLIRAMU DIAJENG
Sun gegurit
Mung sliramu diajeng
Naliko dam re mbleret
Metengi dalan kapale nahkodho
Tompo abot nggayuh sikil
Dhadi jembatane samudro
Minuju dermogo sentoso
Urip bisa sumringah
Nggugah ati menembah
Gusti Allah
Mung sliramu diajeng
Ora ono lorolopo sing biso
Kathon dhadhi kepati !
Amargojiwo lan ati
Mbangun pekerti.
Dening : A.M.Haryadi Salim
Derap Guru
MUNG KATHON GUMEBYAR
Sun gegurit
Mung kathon gumebyar
Manungso podho nggayuh langit
Mbangun klebate pusoko
Kemlebat ing dhuwur angkoso
Tompo ngudar roso
Makno kiblate Poncosilo
Manunggaling Bhineka Tunggal Ika
Pulute bangsa lan nagoro
Ing bumi perdikan ibu pertiwi kang dhadhi bleger katentreman
Nyandang urip kamanungsan
Ngawiji ati kinasih Gusti Allah
Hamung manungso kablinger
Sing mung ngiler empuk'e kursi
Nggagas bergas waras rakyate sentoso
Mung pucuk lambe
Ati lan pikirane ketutupan popok wewe
Rakyate kesrakat mlarat.
Dening : A.M.Haryadi Salim